Selasa, 04 Oktober 2011

Antara Sun Tzu, Eisenhower dan 'Amal

Isuk-isuk pas srengenge isih ketok abang, ono wong loro celukane cak Dul karo cak Din lagi cangkruk nang ngarep omah.
Cak Dul    : Sing apik iku opo-opo kudu direncanakno...
Cak Din    : (langsung nyaut) iyo, jarene mbah Sun Tzu malah dibagi limang perkoro.
(Cak Dul karo ngowoh rodo kaget, ndeloki ae koncone ngomong...)
Cak Din    : Yoiku, moral, langit, bumi, komandane, karo metode lan disiplin. Moral iku  
                    gampange iso dihubungno karo semangat. Langit iku hubungane karo
                    waktune. Nek bumi iku iso dianggep panggonane kegiatan iku mau. La
                    komandane yo jelas kemampuane wonge sing arep nglakoni sing
                    disesuaikno pisan karo metodene, piye cara nglakonine sing apik ben kasil.
Cak Dul    : La terus, hubungane karo rencana iku piye?
Cak Din    : Yo nggawe rencana iku disesuaikno karo limang perkoro mau.
Cak Dul    : O.. ngunu ta? Kok ribet ngunu koyoke. Sing penting se aku eruh sing tak
                     karepno, carane nggayuh terus moco basmalah karo tawakkal. Wes ngunu
                     ae. Jarene mbah Eisenhower, "In preparing for battle I have always found
                     that plans are useless, but planning is indispensable."
Cak Din    : Yo podo ae iku. Jare mbah Sun Tzu, terusane iku " manut situasi sing ono,
                     rencana iku kudu diubah"
Cak Dul    : Sip nek ngunu... iso digawe iku carane.
Cak Din    : Ayo... wes wayahe makaryo iki...

1 comments:

bta mengatakan...

nice post bro..